Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Sekawan Perkara Pitakonan Nalika Wektu Dipun Hisab

Khutbah Sepindah

الْحَمْدُ للهِ الَّذِي وفق من شَاء مِنْ خَلقه بفضله وكرمه، وخذل من شَاء مِنْ خَلْقِهِ بِمَشِيئَتِهِ وَعَدَاهِ، وَأَشْهَدُ أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له، ولا شبيه ولا مثل ولا يد له، ولا حد ولا جَنَّةَ وَلَا أَعْضَاء لَهُ وَأَشْهَدُ أَن سيدنا وحبيبنا وعظيمنا وقائدنا وقرة أعيننا محمدا عبده ورسوله ، وصفيه وحبيبه. اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد بن عبد الله، وعلى آله وصحبه ومن والاه، ومن تبعهم بإحسان إلى يوم القيامة، ولا حول ولا قوة إلا بالله، أمَّا بَعْدُ، فَإِنِّي أَوْصِيكُمْ وَنَفْسِي بتقوى الله العلي العظيم القائل في محكم كتابه : يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَلتَنظُرُ نفس ما قدمت لغد واتَّقُوا الله إن الله خبير بما تعملون سورة الحشر : ۱۸

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

WhatsApp Hubungi Kami

Monggo kita tansah nginggilaken taqwa dhateng Allah SWT, inggih punika kanthi nglampahi dhawuh-dhawuhipun Allah lan nyingkiri sedaya ingkang dados laranganipun Allah SWT. Amargi namung kanthi taqwa dhateng Allah, kita badhe pikantuk kabagyaning donya saha akhirat.

Minangka umatipun Kanjeng Rasulullah Nabi Muhammad SAW, mesthi kita kedah ngimani sedaya dawuhipun piyambakipun, sanadyan punika kalebet perkawis ghaib, kados ta wontenipun yaumul hisab lan prakawis-prakawis ingkang badhe kelampahan wonten ing salebeting dinten punika, kados ta sekawan perkawis ingkang badhe dipun pitakaken nalika dinten pitungan amal mengko.

Kanjeng Rasulullah SAW nate ngendika wonten ing salah satunggaling haditsipun, bilih saben manungsa mengko badhe pikantuk pitakenan babagan amal perbuatanipun ing ngajengipun Allah SWT ing dinten kiamat. Pitakenan punika nyakup prakawis umum lan ugi prakawis tartamtu ing salebetipun kajawi iman saha ibadah tiyang

Miturut Hadits Riwayat Imam Tirmidzi, Kanjeng Rasulullah Muhammad SAW kanthi cetha nerangaken babagan sekawan perkawis ingkang badhe dipun pitakaken nalika hisab mengko Kanjeng Nabi Muhammad SAW ngendika:

لا تزول قدما عبد يَوْمَ الْقِيَامَةِ حَتَّى يُسأل عن عمره فيما القناة وعن عِلْمِهِ فِيمَا فَعَلَ وَعَنْ مَالِهِ مِنْ أَيْنَ اكتسبه وفيما الفقهُ وَعَنْ جِسْمِهِ فِيمَا أَبْلَاهُ

Artosipun: “Boten badhe obah kalih telapak sikile sawijining abdining Allah wonten ing dinten kiamat, dumugi piyambakipun kapundhut pitakenan (dipundangu tanggel jawab) bab yuswanipun, kagem punapa dipun-ginakaken; bab ngelmunipun, kadospundi dipun-amalaken; bab bandhanipun, saking pundi dipun-gayuh lan kagem punapa dipun-ginakaken; saha bab badanipun, kagem punapa dipun-ginakaken.” (HR. Imam Tirmidzi).

Miturut hadits punika, wonten sekawan perkawis ingkang badhe kapundhut tanggel jawab wonten ing dinten kiamat, utawi langkung cetha wonten ing Yaumil Hisab, inggih punika dinten pambiji amalipun manungsa. Sekawan perkawis punika inggih menika:

Kaping Setunggal umur, kita badhe dipun-pundhut pitakenan, kagem punapa dipun-ginakaken nalika gesang ing donya. Menapa kagem ngibadah saha amal kebecikan, utawi kosokbalenipun, namung kagem maksiat saha gegojegan kemawon.

Manawi yuswa dipun-ginakaken kagem ngibadah lan amal kebecikan, kadospundi gegayutan kaliyan hablum minallah (sholat, poso, haji, lan sanesipun), hablum minannas (nulungi sesami, nyantuni fakir miskin, lan sapiturutipun), utawi hablum minal-‘alam (ngasihi kewan, boten nyiksa, boten nguncalaken rereged sembarangan, lan sanèsipun), mesthi kalebet amal sae. Kanthi mekaten, kita badhé kasuwun mlebet swarganipun Allah SWT.

Nanging, manawi dipun-ginakaken kagem maksiat saha poya-poya, mesthi neraka ingkang badhe dados papan wangsulipun.

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Kaping kalih, “Kita badhe dipunjaluk tanggel jawab babagan elmu kita. Menapa kita sampun ngupadosi elmu, lan menawi sampun, menapa sampun nglampahi utawi ngamalakenipun. Rasulullah ngendika:

عن حذيفة قال رسول الله : وَيْلٌ لِمَن لا يَعْمَلُ، وَوَيْلٌ لِمَنْ عَلِمَ ثُمَّ لَا يَعْمَلُ

Artosipun: “Saking Hudzaifah, Rasulullah SAW dawuh: Bilahi wong kang boten sinau ilmu agama ingkang fardlu “ain, lan bilahi ugi wong kang sinau nanging boten nglampahi (ngamalken).”

Kaping tiga, kita badhe dipun pitaken bab bondho, saking pundi anggenipun angsal, punapa kanthi dalan ingkang halal utawi kanthi dalan ingkang dipun haramaken. Lan sasampunipun angsal bondho, kanggé punapa bondho punika dipun-ginakaken.

Punapa kangge perkawis ingkang sac utawi malah kanggé perkawis maksiat dhurnateng Allah SWT. Mila bondho ingkang paling sae punika bondho ingkang dipun-gadhahı tiyang-tiyang shalih. amargi bondhone dipun-ginakaken kangge perkawis ingkang sae.

Rasulullah SAW dhawuh:

نِعْمَ الْمَالُ الصَّالِحُ لِلرَّجُل الصالح

Artosipun: “Sae-saening bandha punika aondha ingkang dipun-gadhahi dening tiyang-tiyang sholeh (HR. Imam Alunad).

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Kaping papat, kita badhe dipun pitakeni lan dipun jaluk tanggel jawab bab badan kita, badan punika dipun-ginakaken kangge ngibadah saha nindakaken kabecikan, mesthi kita badhe remen lan bahagia amargi wangsul dhateng Swarga Allah SWT.

Nanging menawi badan punika dipun-ginakaken kangge maksiat lan nindakaken perkawis ingkang boten sae, mesthi papan wangsulipun inggih punika neraka. Na udzubillahi mindzalik.

Mugi-mugi kita sedaya tansah kaslametaken déning Allah, ing donya, ing kubur, utawi ing akhirat mengko. Aamiin ya robbal ‘alamiin.

أعوذ بالله من الشَّيْطَانِ الرَّحيم بسم الله الرحمن الرحيم . والعصر . إن الإنسان لفي خسر ، إلا الَّذِينَ آمَنُوا وعملوا الصالحات وتواصوا بالحق وتواصوا بالصبر

بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من آية وذكر الحكيم أَقُولُ قَوْلِي هَذَا فَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُورُ الرَّحِيم

Khutbah Kaping Kalih

إِنَّ الْحَـمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَشْكُرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا ٍمُحَمَّد

نِ الصَّادِقِ الْوَعْدِ الْأَمِيْنِ.

وَعَلىَ آلِهِ النَّبِيِّيْنَ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَرَضِيَ اللهُ عَنْ أُمَّهَاتِ الْمُؤْمِنِيْنَ، وَآلِ الْبَيْتِ الطَّاهِرِيْنَ، وَعَنْ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ، أَبِيْ بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنِ الْأَئِمَّةِ الْمُهْتَدِيْنَ، أَبِيْ حَنِيْفَةَ وَمَالِكٍ وَالشَّافِعِيِّ وَأَحْمَدَ وَعَنِ الْأَوْلِيَاءِ وَالصَّالِحِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ،فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ فَاتَّقُوْهُ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلٰى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ،فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، رَبَّنَاآتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ،اَللّٰهُمَّ اجْعَلْنَا هُدَاةً مُهْتَدِيْنَ غَيْرَ ضٰالِّيْنَ وَلاَ مُضِلِّيْنَ، اَللّٰهُمَّ اسْتُرْ عَوْرَاتَناَ وآمِنْ رَوْعَاتَنا وَاكْفِنَا مَا أَهَمَّنَا وَقِنَا شَرَّ ما نَتَخوَّفُ.

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبٰى ويَنْهٰى عَنِ الفَحْشٰاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَاتَّقُوْهُ يَجْعَلْ لَكُمْ مِنْ أَمْرِكُمْ مَخْرَجًا، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

Dening: Dr. KH. Abdul Fatah., M.Pd.I, Sekretaris LD PCNU Kabupaten Tegal.

Khutbah Jumat versi Basa Indonesia: Undhuh Ing Kene

Khutbah Jumat versi Basa Jawa: Undhuh Ing Kene

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *